Ngapunten, Kopinya monggo Bawa Sendiri

Beberapa Kutipan Jawa inspiratif

Bathine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah-laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinging Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni kang arane pandum
_____________________________________
Keuntungan orang yang mempunyai hati “nriman” jiwanya selalu tenang dan tenteram, karena semua tingkah-lakunya dilandasi keyakinan tebal atas “kadar” pemberian Allah. “Nriman” bukan berarti puas dengan apa yang ada tetapi justru sebaliknya orang “nriman” tidak mau tinggal diam. Hanya saja tindakannya tidak grusa-grusu seperti orang yang “ngaya” seolah tidak mau mengakui adanya “pandum” untuk masing-masing manusia
(Piwulang Kautaman, Pituduh 147)

++++++++++++++++++++

"Ikhtiyar iku yekti
Pamilihing reh rahayu
Sinambi budidaya
Kanthi awas lawan eling
Kanthi kaesthi antuka parmaning"
__________
Berikhtiar itu Wajib
untuk memilih jalan yang baik
Sembari berusaha
Juga Harus berhati-hati dan waspada
Agar mendapat rahmat-Nya
(Serat Kalatidha : Raden Ngabehi Ronggowarsito)

+++++++++++++++++++

Ajinipun aji tekad
Ngelmunipun Ngelmu Pasrah
Rapalipun Adiling Gusti
Sinahune Ngudi Kamanungsan
Ganjarane Ayu lan Arume sesami
- Serat : Suwung pamrih, Tebih Ajrih -
(RM Sosrokartono) / aw kamaa qooL

+++++++++++++++++++

"Titikane Aluhur, Alusing Bebuden, Legawaning Ati"
Ciri-ciri keluhuran adalah : Halusnya Budi perkerti (Akhlaq) & Hati yang Ikhlas
~Sekar Rinonce~

+++++++++++++++++++

"Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip"
-----------------------------------
Beginilah ilmu yang nyata,
Ilmu yg memberikan ketenangandalam hati,
Tetap senang bila dikatakan bodoh
Tetap gembira tatkala dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu sombong
Ingin dipuji setiap hari
Janganlah seperti itu orang hidup
~Serat Wedhatama, Pupuh 1/Pangkur 5~

++++++++++++++++++++

Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Milu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada
==============
Hidup di jaman edan
Memanglah repot
Mau mengikuti tidak tahan
Tapi jika tidak ikut-ikutan
Tidak mendapat bagian apa2
Akhirnya menderita kelaparan
Namun sudah kehendak Allah
Meskipun orang yang lupa itu bahagia
Namun lebih bahagia lagi
Orang yang selalu ingat dan waspada
(by Raden Ngabehi Ranggawarsito)

Share:

Related Posts:

0 komentar:

Posting Komentar

Menu Es Campur

F